Search This Blog

Wednesday, October 19, 2005

Kelinci Versi Wikimedia

Kelinci
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi
Kelinci kalebu bangsaning Mamalia utawa kewan menyusui, lan tansah sapadhuluran karo Terwelu lan Pika. Kelinci wis kasebar saindhenging jagad kecuali ing tlatah Antartika. Jeneng latine yaiku Oryctolagus cuniculus.

Bab lan Paragraf [delikna]
1 Tetengering Kelinci
2 Uriping Kelinci
3 Pakan
4 Jenising Kelinci
5 Kelinci ing uriping manungsa

[sunting]
Tetengering Kelinci
Kelinci bobote isa nganthi 5 kilo yen dhadi raja kaya, lan ing alas mung nganthi 3,5 kilo. Kelinci ndhuwe kuping dhawa sing bisa dianggo ngrungokake swara saka kadhohan, rupane lucu dhadi bisa didhadekake dholanan utawa klangenan. Kelinci uga ndhuwe ceker sing kuwat kanggo mencolot lan awake bunthek tur lucu.

Anakane kelinci biasane lair ora ndhuwe wulu lan wutha, ora kaya anake trewelu.

[sunting]
Uriping Kelinci
Kelinci ing alas biasane urip ing bolongan-bolongan siti, utawa wit-witan. Kelinci liar biasane ngedhuk lemah kanggo susuane lan ngasuh anak-anake ing kana. Uga, kelinci misuwur karna cacah laire sing dhuwur banget. Kelinci wis isa kawin mila umur wulanan lan bisa metheng 31-35 dina. Anak sing dilairake isa lara nganti 12 iji.

Kelinci uga kewan sing paling enggal ngepaske kahananing alam, dhadi cepet ndhuwe anak. Ing Australi, saking akehe, kelinci wis dhadi kewan sing nyusahake pramila mangani asil kebuning para tani ing kana.

[sunting]
Pakan
Kelinci kalebu herbivora utawa mangan tetandhuran. Ing peternakan, kelinci saliyane dipakani tetandhuran, dheweke uga dipakani pelet lan campuran-campuran tambahan kanggo kesehataning kewan iki. Suket, wortel, kangkung, lan sapanunggale sae kanggo thukuling kelinci.

[sunting]
Jenising Kelinci
Kelinci saindhenging jagat rupa-rupa, ana sing jenis bunthut kapas, angora, nganthi ana sing wulune dhawa. Ing Indonesia, kelinci akeh-akehane diimpor saka negara manca.

[sunting]
Kelinci ing uriping manungsa
Kelinci biasane didhadekake kewan raja kaya, kanggo pakan, nganthi dhadi klangenan. Kelinci sing didhadekake panganan biasane ndhuwe ukuran sing gedhe, lan sing dadi klangenan biasane ndhuwe wulu sing apik. Panganan saka dhaging kelinci sing paling misuwur yaiku sate kelinci.

2 comments:

rrj said...

Boso jowo ya.

YOGYAKARTA said...

iya om.. ini meng-kopi paste-kan dari wikimedia berbahasa jawa.